Bahasa Jawa Kelas V Semester 1

  Assalamulaikum Warrahmatullohi wabarokatuh.

A. Kegiatan Awal 

1. Shobat Ceria sedoyo , sakderengipun Pembelajaran daring kita wiwiti , sumonggo kita sareng -sareng maos donga rumiyin.


2. Saklajengipun pun dedonga, kita terasaken brain gym utawi senam otak supados saget fokus anggenipun sinau


3. Tujuan Pembelajaran 

Tujuan Pembelajaran :

1. Siswa saget mangsuli pitakon isine teks

2. Siswa saget nemokaake informasi saking wacana teks

3. Siswa saget nemokaakke pokok-pokok isine andharan / cerita

4. Siswa saget ndamel ringkesan cerita

5. Siswa saget ndamel karangan diskriptif

 

Gunung Kelud Mbledhos

         Bumi Horeg bebarengan karo swara mak gleger. Keluk ireng nggembuleng peteng. Saya dhuwur saya amba tebane mekrok  kaya jamur gedhe. Genung Kelud utawa Gunung Kampud mbledhos dina Kamis male Jemuwah tanggal 13 Februari 2014. Maewu- ewu watu, krikil, lan awu diwutahake saka wetenge nganti sumebar teka ngendi-endi. Ora mung tlatah Jawa Timur, ning awune kagawa angin nganti tekan Jawa Barat penenre Bandung, Pangandharan lan Bogor.

        Ewoning warga kang manggon ing sakiwa tengene Gunung Kelud kayata warga Kabupaten Kediri, Malang, Blitar lan Batu kepeksa kudu diungseakke menang papan kang luwih aman. Erupsi Gunung Kelud ngumbulake mateial nganti 17 km dhuwure, lan yutan meter kubik awu vulkani lan wedhi.

        Gunung Kelud nalika mbledhos pancen ora langsung nuwuhake kurban jiwa, amarga pancen mbledhose Gunung Kelud beda karo Gunung Merapi kang mesthi dikantheni karo metune wedhus gembel utawa mega panas. Uga beda karo Gunung Dieng kang ngetokkake gas racun. Sanadyan mengkono masyarakat tansah waspada utamane kanthi anane lahar adem kang biasane gumrojog nrajang sawise mbledhosan jalaran keno banyu udan. Adate lahar adem kuwi mili luwat kali-kali ing sangisore, kayata Kali Kuning, Kali Bladak, kali semut, lan kali putih. Masyarakat dieliakke supaya ngadohi kanthong - kanthong lahar. Statuse gunung Kelud isih mbebayani. Radius 10 km saka kawah isih disterilake, masyarakata ora oleh mlebu kawasan kuwi.

        Sawetara bubar mbledhose Gunung Kelud, kabeh sarana panguripan enggal direhabilitasi, didandani maneh. Omahe pendudhuk, sekolahan, dalan lan prasarana liyane. Presiden paring ngalembana dene panenganan bencana Erupsi Gunung Kelud lumaku kanthi cepet ora nganti nuwuhake kurban jiwa.

Kapethik saha karingkes saking Jaya Baya, Februari Nomor 27/ LXVIII

 

Mangsuli pitakon Isine teks & Madosi informasi isi teks

1. Kapan mbledhose Gunung Kelud ?

2. Apa bedane mbledhose GUnung Kelud karo mbledhose gunung Merapi ?

3. Pitakon ing ngisor iki kang jawabane gatuk karo paragarf 1 yaiku … .

a. Apa arane jenengan liyane Gunung Kelud?

b. Sapa wae kang ngungsi amarga Gunung Kelud mbledhos ?

c. Apa bae wujude lahar adhem ?

d. Apa statuse Gunung Kelud             


4.  Sapa kang ngalembana panenganan bencana Erupsi Gunung Kelud ?

Ukara pitakon ing dhuwur jawabane ono ing paragraf … .

a. Paragraf 1

b. Paragraf 2

c. Paragraf 3

d. Paragraf 4

 

Nemokaakke pokok-pokok isine andharan / cerita :

1. Maos wacan  teks kanthi teliti

2. Golekki ukara utama

3. Goleki inti permaslahan sek kerep dibahas ono ing cerita

 

        Bumi Horeg bebarengan karo swara mak gleger. Keluk ireng nggembuleng peteng. Saya dhuwur saya amba tebane mekrok  kaya jamur gedhe. Genung Kelud utawa Gunung Kampud mbledhos dina Kamis male Jemuwah tanggal 13 Februari 2014. Maewu- ewu watu, krikil, lan awu diwutahake saka wetenge nganti sumebar teka ngendi-endi. Ora mung tlatah Jawa Timur, ning awune kagawa angin nganti tekan Jawa Barat penenre Bandung, Pangandharan lan Bogor.

 

Isine andharan :

Gunung Kelud bledos ngutahake wati, krikil, lan awu nganti tekan Jawa Barat

 

Damel ringkesan cerita :

1. Maos wacan teks kathi setiti

2. Padosi ukara utama wonten ing paragraf

3. Golekana isi pokok cerita saka ukara utama  

4. Gabung isi pokok pendak paragraf dadi cerita kang urut, runtut dadi cerita kang apik lan ringkes.

 

Gawe karangan diskriptif :

Karangan diskriptif yaiku teks kang ngandarake babagan samubarang kanthi cetha, komplit, runtut nganti sek moco andharan koyo-koyo bisa nyekel,nonton, nonton apa wae kang dicertaake

 Cara nggawe paragraf diskriptif

1. Gawea topik / tema karangan kang meh di gawe

2. Gawea cengkorangan karangan

3. Cengkorangan kang wes digawe banjur dikembangke dadi paragraf  

 

 Tuladha

Tema / Topik : Banjir

Cengkorongan :

1. Sebab - sebab kang ndadeakke banjir

2. Dampak banjir

3. Pencegahan banjir

 Karangan  Diskirptif :

 

Banjir

Banjir kuwi salah sawijining prastawa alam kang disebabake saka faktor alam lan faktor manungsa. Banjir biasane ana ing mangsa rendeng mangsa kang akeh udane. Kali- kali banjur mbludak opo meneh tambah polahe mangusa kang ora tanggung jawab mbuang sampah ono ing gorong-gorong, ing kali nyebabake banyune mampet lan ndadeake baniir.

 

Tantangan :

1. Gawea  siji tema/ topik karangan diskriptif ! 

2. Gawea cengkorongane

3. Gawea karangan diskriptif saka cengkorongan gaweanmu !


C. Penutup

Alhamdullilah, KBM daring dinten meniko sampun rampung kanthi lancar . Mugi -mugi shobat ceria sedaya saget ngginakaaken lan nglampahi ilmu engkang sampun dipun tampi,  pikantuk ilmu engkang manfaat. Ammin

Monggo sakderengipun bibar, kita sareng -sareng maos donga rumiyin .


Matur suwun, mugi-mugi penanggih malih wonten KBM daring sakaljengipun.

Wassalamulaikum warrahmatullohiwabarokatuh. 

0 komentar:

Posting Komentar