Piwulang 1 ( Endahe Guyup Rukun ) Materi Sesorah / pidhat0 Basa jawa

 Assalamu’alaikum Warrahmatulloh Wabarokatuh 

Hai Shobat ceria😇😇 dimanapun kalian berada. Apa kabar semua? Semoga shobat ceria beserta keluarga senantiasa dalam lindungan Alloh SWT. Aamiin. 

Mari sebelum kita mulai pembelajaran kali ini, kita mulai dengan berdoa terlebih dahulu.

Pidhato/  Sesorah/ Medhar Sabda

A. Tegese pidhato

Pidhato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.

B. Jenis-jenis  pidhato adhedhasar yaiku:
  1. Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama MC.
  2. Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
  3. Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kangm ung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
  4. Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
  5. Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo kegiatan.
  6. Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban tugas utama/kagiyatan.
C. Carane gawe pidhato

Kepriye Carane Gawe Pidato Basa Jawa?
Manawa arep gawe naskah pidato Basa Jawa, bisa digawe nganggo cara mangkene :
1. Nemtokake tema/topik.
2. Nemtokake ancas utawa tujuan.
3. Ngumpulake bahan.
4. Gawe cengkorongan (kerangka).

Urut-urutan naskah teks pidato :
1. Pambuka
a. Salam (Assalamu'alaikum Wr. Wb)
b. Atur Pakurmatan ( Ingkang dahat kinurmatan Bapak Kepala sekolah, ingkang kula tresnani kanca-kanca,....)
c. Atur Puja Puji Syukur. ( Langkung rumiyin mangga sareng-sareng ngunjukaken puja puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi kanikmatan dhumateng kita sadaya)

2. Isi Pidato ( Wonten ing mriki keparenga kula matur .....)

3. Panutup
a. Ringkesan isi pidato
b. Atur panyuwun pangapura ( Cekap semanten anggen kula matur, mbok manawi wonten lepat kula nyuwun pangapura)
c. Salam Panutup (Wassalam)

D. Tata carane pidhato sing apik yaiku:

1. Paham lan ngerti tujuwan pidhato sing arep diandharake, ing ngendi panggonane, lan sapa wae sing mirengake.
2. Isine pidhato kudu dicocogake karo temane.
3. Kanggone sing isih blajaran luwih becik kanthi maca naskah utawa ngapalake naskah luwih dhisik.
4. Perlu anane latihan ngucapake swara, tembung, lan ukara kanthi trep.
5. Nalika pidhato penampilane kudu rapi lan kebak kapitayan(percaya diri).
6. Obahe awak sing wajar ae.
7. Sabisa-bisane wenehana lelucon utawa humor supaya ora mboseni.
8. Wektu sing digunakake aja kedawan, saperlune wae.
9. Aja nggunakake tetembungan sing dibolan-baleni.


E. Tuladha : 
“CARA NJAGI KABERSIHAN LINGKUNGAN (3 M)”

ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB

Bapak-bapak ,ibu-ibu, lan rencang-rencang ingkang kula hormati ugi kula tresnani. Mangga kita sareng-sareng ngaturaken puja lan puji syukur dumateng Allah swt. Ingkang sampun paringaken pirang-pirang kenikmatan dumateng kita sedaya .
Wanten ingkang wekdal menika kula bade ngaturaken kegiatan 3 M. Kita ngalakoni kegiatan 3M supaya mboten kenging penyakit demam berdarah (DBD). Penyakit demam berdarah iku asalipun saking nyamuk malaria (aides aigepty).
Magga kita sareng-sareng lampai 3M ,karo njaga lingkungan masyarakat supaya resik saking penyakit demam berdarah. Bisa dilakoni karo cara menguras wadah banyu adus ,menutupi wadah banyu ngujak ,menimbun barang seng wes ora kanggo.
Cekap semanten pidato kula ,mbok bili wonten klentah-klentunipun kula nyuwun pangapunten .

WASSALAMU’ALAIKUM WR WB

Alhamdulillah, semua tahapan pembelajaran hari ini sudah kita lalui dengan baik. Semoga ilmu hari ini bisa menambah wawasan kita dan bermanfaat bagi kehidupan kita semua yah. Mari kita tutup kegiatan belajar pada hari ini dengan membaca do’a sesudah belajar.

Wassalamulaikum Warrahmatulloh wabarokatuh 


0 komentar:

Posting Komentar